NGAKAK SUROBOYO....

 Mat Pithi pensiunan marinir

Tepak Mat Pithi dadi marinir mbiyen, tau dines nang Kalimantan Utara. Operasi Dwikora, eling gak peno-peno kabeh? Pas mlebu-mlebu alas, wong mungsuhe yo gak main-main, pasukan Gurkha, jare, Mat Pithi kepeksa ngorban-no sikile sing ngidhek ranjau darat. Yo ambyar, rek, sikil sing sebelah tengen. Untung kanca-kancane cepet nggawa Mat Pithi nang barak, dadi jik isok ketulungan nyawane. Perkara sikile sing tengen, yok opo maneh, wong ancur mulai ngisore pupu thithik sampek ngisor. Cobak rodok munggah thithik, isok kantong menyan sing gondal gandul iku katut bablas. Begitu tekan barak, langsung diupokoro mbarek dokter-dokter bedah sing ahli. Sikile sing karek thithik jik isok ditulung, tapi disambung mbarek sikil liya, sing wonge wis mati. Kanibal, ngono, lah... Cumak, wong situasi darurat, yo oleh sikil sak kecandake. Dawane rodok kacek kira-kira 2 cm. Wis gak opo-opo. Rodok pincang thithik lak malah tambah gaya, lah, wong tentara mulih saka perang. Isok digawe crita. Jugak kelire kulite sing rodok gak patek podo. Mat Pithi ireng, sikil gajulane rodok putih. Wis, yo gak opo-opo. Wong yo nek dines kan nggawe clono. Nek ndik omah, ya sarungan. Sing penting sikilan, gak nggawe kruk.
Mat Pithi onok meh sewulan ndik rumah sakit (wis diusung saka barak sing ndik garis depan). Durung isok mudhun, ngenteni sambungan sikile waras. Mat Pithi ya wis lumayan marem, gak perlu nggawe kruk engkuk-e. Bareng wis waras, Mat Pithi wis mulai dines maneh. Mlakune tambah gagah, masiyo rodok pincang thithik. Tapi jik tetep tegap. Marinir, rek.... Cumak, onok sing aneh mbarek Mat Pithi sak iki. Nek katene nguyuh mesti tiba, nggluntung. Mak glundung.... Wis pirang-pirang dina iki Mat Pithi nek nguyuh mesti golek nggen sing rodok sepi. Lha lak isin, se. Wong angger nguyuh mesti ngglundhung, kok... Gak kuat nandhang wirang koyok ngono, Mat Pithi njaluk ketemu mbarek dokter sing ngoperasi sikile mbiyen. Wong wis suwi, ya rodok kanglena ketemune. Barang ketemu, Mat Pithi nyritakno nasibe sing dialami sak iki. Doktere terus mbukak arsipe. Ndeleki data-data sing tau dinggo ngoperasi Mat Pithi mbiyen.

Ketemu, wis .... Tibak-e critane ngene. Sikil sing dinggo nggajuli sikile Mat Pithi sing ancur mbiyen iku sikile arek wedok. Lha nek pas katene nguyuh, sikil tengen sing sikile arek wedok iku njaluk ndodok....

Mat Pithi lara untu

Mat Pithi, arek mbethik, hobbyne nontok bioskop. Paling seneng filem
India.
Gak ilok. Pokok bioskop Golden Gate, cidek jembatan Pethekan, Ujung, main filem india, gak kathik akeh pikiran, masiyo duwik bayaran sekolah, yo digawe.

Tapi sak iki Mat Pithi kepothokan. Lha yok opo, wong duwik sing kate digawe nontok bioskop iku katene gigawe nambakno untune sing lara. Bioskop mbayare sewu. Digawani bapake rong ewu, pas kanggo mbayar dokter gigi.

Ndik jalan Sasak, onok dokter gigi sing omahe gak patek adoh. Sing siji dokter gigi Nursalim, sijine Awad Dahdah. Mat Pithi marani dokter gigi Nursalim.

Pas tekan njero dek e takon, 'pak dokter, cabut gigi mbayar pinten?' Dokter Nursalim kanda 'Rong ewu, cung' 'Oleh gak sewu?'
Dokter Nursalim kanda mbarekl mbanyol 'Oleh ae, pokok gak kathik dibius'. Batine Nursalim, endi onok wong sing kuat dicabut untune gak kathik dibius.

Mari takon Mat Pithi metu saka ruangane dokter Nursalim. Doktere nerusno ngladeni pasien liya.

Mat Pithi, mari saka dokter Nursalim, mara nang dokter Awad. Ndaftar, njaluk dicabut. Gak suwe Mat Pithi dipanggil, terus dikongkon lungguh nang kursi pasien. Sak wise dipriksa, terus dijupukna suntikan bius. Mat Pithi disuntik. Pipine krasa abuh, kandel. Bar disuntik, Mat Pithi kongkon metu ruangan, ngenteni dipanggil maneh, kate dicabut untune.

Mat Pithi metu. Tapi gak ngenteni ndik ruang tunggu, malah mlayu nang dokter Nursalim, kanda nek siap dicabut.

Dokter Nursalim wis kadhung kemakan omongane dewe, yo kepeksa gelem ngladeni

Mat Pithi. Dicabut nggak gawe bius. Nursalim ya bingung, arek iki cik kuate dicabut gak dibius kok meneng ae. Mari dicabut, Mat Pithi mbayar sewu, terus lunga nontok bioskop. Nursalim gedheg-gedheg.

Bareng wis dirasa wayahe, dokter Awad metu ruangan, kate njabut untune Mat Pithi. Didelok ndik ruang tunggu, endi arek iki. Ya, uwis.... Kapan-kapan, Nursalim mbarek Awad ketemu, wong pancen sak tonngoan ae. Sering ketemu. Awad crita, nek dek-e tahu ngopeni pasien sing kuat banget.
'Tak cabut untune padahal gak tak bius iku, lho, Wad, gak ketok lara'.
Awad kaget, 'Arek-e ireng, klambi kotak-kotak?'
'Iya'
'Lha, iku lak pasienku. Mari tak suntik bius, dadak gak balik'.

 

[mati pithi] - Lara mata

Mat Pithi lara mata, matane kepeksa diperban loro-lorone. Lunga nang dokter mata dituntun anake mergo gak eruh dalan. Teko ndhik dokter mata langsung lingguh ndhik ruang tunggu, anake dikongkon mulih "Wis kono muliho, koen ngrewangi ibumu. Mari ditambani mengko aku isok mulih dhewe", anake langsung nggeblas mulih. Bojone ndhik omah nunggu suwe Mat Pithi gak balik-balik. Akhire bojone nyusul nang dokter mata. Teko kono bojone eruh Mat Pithi ndhik ruang tunggu lungguh dhewekan.
Mbasan eruh tulisan ndhik lawange ruang praktek dokter mata, bojone kaget, Mat Pithi diseneni "Ealah Pak, pak..lha koen nunggoni sampek jam-jaman ya gak bakal dipriksa. Lha iku ndhik lawang onok tulisane "HARI INI TIDAK PRAKTEK".
-----------
Mat Pithi akhire ketemu ambek Doktere mata. Jare pak Dokter, matane Mat Pithi lara mergo kelenjar air matane gak berproduksi maneh. Pak Dokter mata duwe akal, matane Mat Pithi dioperasi, saluran air mata disambungno ambek kelenjar air liur. Mari dioperasi Mat Pithi kerasa enak, matane gak pedhes maneh. Tapekno Mat Pithi tambah soro. Yo'opo gak soro lha nek eruh panganan dudu cangkeme sing ngiler tapi matane sing mbrebes mili. 

 

Mat Pithi, sales sabun deterjen

Pengalamane Mat Pithi blusukan nang rumah tangga ndikkampung-kampung, merga dadi sales sabun deterjen, isoknggandeng Saropah, arek kemayu Kaliasin gang Pompa.Gak urung, sing jenenge pacarane arek sak iki, gakcumak dulat-dulit, tapi yo dulak-dulek. Kathik milih enggon ae yo ndik losmen barang. Cobak, opo maneh singdidulek-i nek wis ndik kamar arek loro. Pisanan kedadeyan, abuk-abukan sampek lali, ngantek wong loro uda bareng, terus dulinan mama-mama-an,papa-papa-an.


Jenenge wong lali, yok opo se....,kedadeyan, wis. Bareng wis mari, saropah kaet eling, nek wis melakukanperbuatan sing kudune durung oleh. Saropah nangisngguguk. 'Onok opo dik, kok awakmu nangis?', pitakone MatPithi.' Yok opo katene gak nangis, cak, awakku iki sak ikiwis gak suci, wis kenek noda', kanda ngono ambektambah banter nangise.


Mat Pithi langsung nyaut : 'Perkara noda ojok kuatir,dik. Aku duwe produk sing jenenge deterjen anti noda.Bahkan, noda bandel sekalipun'Saropah yo tambah get olehe nangis, rek..... !   

 

Pikun

Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe. Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni. "Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali. "Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis. "Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. "

Bunali mulai bingung. "Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Wonokairun. "Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah bingung. "Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh. "Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh. "Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . ." 

 

Minimarket

Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing. Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.
"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing.
Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.
"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali.
"Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun.
Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus.
Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.
Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."
"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ". 




Ngumbah Kucing


Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
”Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.
”Aku katene ngumbah koceng” jare Wonokairun.
”Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.
”Iyo soale kocengku akeh tumane.” Jare Wonokairun.
”Wah yo isok mati koceng sampeyan Mbah” Bunali ngilingno.
”Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun.Mari mbayar,
Wonokairun mulih katene ngumbah kocenge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
”Yok opo koceng sampeyan Mbah ?” takok Bunali.
”Kocengku mati ” jare Wonokairun.
”Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo
koceng atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
”Kocengku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.
”Opoko lho ??” Bunali gak sabar.
”Tak peres . . . .”







"Balas Dendam"

Wonokairun mlaku mlaku nang TP ijenan katene mejeng, dandane mbois 
gak gelem kalah ambek
ABG. Pas katene mulih dhadhak dirampok nang parkiran.
Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari 
kampesan thok.
Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.

Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.
Wonokairun janji mbayar taksine nang omah.
Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong 
blas malah ngilokno.
"Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! "jare 
supir taksine nang ngarepe wong
akeh.
Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.
Wonokairun akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran.
Cumak yo ngono, Wonokairun dendam pol nang supir taksi iku mau, 
pokoke ditengeri wonge lemu
ireng kopiahan.
Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun.

Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh. Mari wis tuwuk 
dulin, akhire Wonokairun
mulih.
Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang.
Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, 
katene balas dendam.
Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni supir taksine 
sithok-sithok.
"Cak, nang Sepanjang piro" takok Wonokairun.
"Biasa mbah, borongan ae seket ewu" jare supir taksine.
"Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?" 
takok Wonokairun maneh.
"Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah. Masio elek, aku 
iki wong lanang normal mbah,
goleko sing liyane ae !" jare supir taksi iku ambek misuh-misuh 
tersinggung.

Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh-
misuh gak karuan, tapi
Wonokairun cuek ae.
Sampek taksi sing paling mburi, akhire Wonokairun ketemu supir taksi 
lemu ireng kopiahan sing
digoleki.
Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun.

"Cak, nang Sepanjang piro?" Wonokairun aksi takok.
"Biasa ae mbah, seket ewu. " jare supir taksine.
"Yo wis, ayok ndhang budhal." Wonokairun langsung numpak terus 
budhal, Wonokairun sempet
ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.

Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon 
konco-koncone sing nang
ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi iku, 
mesam-mesem ambek
ngomong "Eenaaak teennaann . . ."

Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh gilo 
kudhu mukok . . .







Y u y u


Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali. "Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? " takok Bunali. "Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. " jare Wonokairun. "Lho kok isok ?" jare Bunali. "Sing pertama mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun "Lha sing kedua ?" takok Bunali "Sing kedua mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun. "Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan " jare Bunalu kemeruh. "Gak. Matine mergo tak gibheng." jare Wonokairun. "Lho opoko ?" takok Bunali. "Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."

Apes

Gempil lagi ngejak pacare ngelencer numpak montor bengi-bengi.
Pas sampek Pacet, pacare njaluk indehoi nang njero montor.
Pertamane Gempil isin soale wedhi konangan wong kampung, tapi mergo pacare giras, akhire Gempil nyerah.
Wis mari oleh rong ronde, pacare sik njaluk maneh.
Gempil sampek gelagepen ampun-ampun gak kuat maneh.
Gempil njaluk time-out metu montor dhiluk apene rokokan.
Pas katene nyumet rokok, sekok kadhoan Gempil ndhelok onok wong lagi ndongkrak ganti ban bocor.
Bareng dicedaki, tibake koncone dhewe, Muntiyadi, wah ketepakan iki pikire Gempil.
"He Mun !, laopo koen bengi-bengi athik kluyuran nang kene" takok Gempil.
"Lho awakmu Pil, pancen aku lagi apes bengi iki, katene golek gendakan gak oleh-oleh malah banku bocor pisan" jare Muntiyadi.
"Wah ketepakan lek ngono, aku wis oleh gendakan, ayu semlohe, cumak girase gak ketulungan, wis oleh rong ronde sik njaluk maneh, sampek teler aku. Wis ngene ae, yok opo lek ijol-ijolan ae, montormu tak genti bane terus tak gowo mulih, lha awakmu gendakan ae ambek cewek nang montorku iku, montorku gowoen pisan. " jare Gempil.
"Wah tepak wis, sip !!! " jare Muntiyadi sueneng pol.
Gempil yo lego isok mulih.
Sik tas ae Muntiyadi katene mulai gendakan ambek cewek peninggalane Gempil, moro-moro onok wong kampung siskamling nggedhor kocone montor ambek nyentolopi raine wong loro.
"He !!! Lagi opo awakmu nang kono ? "takok wong kampung mbentak Muntiyadi.
"Anu Pak . . aku lagi gendakan ambek bojoku dhewe jenenge Romlah. ." jare Muntiyadi gemeter.
"Lek iku bojomu, laopo gak gendakan nang omahmu dhewe ?" jare wong kampung maneh.
"Anu Pak, sak jane aku lagek weruh lek iki bojoku dhewe pas sampeyan nyentolopi raine . . ." jare Muntiyadi.





Umur

Wonokairun lagi ngobrol soal umur ambek koncone sing podho kewute.
Wak So sing umure 60 taun mulai cerito, "Paling gak uenak iku lek wis umur sewidhak. Ben obah sithik kebelet pipis, tapi bareng wis nang jedhing sampek sepuluh menit gak metu blas, mek anyang-anyangen thok."
Wak Nyo sing umure 70 taun gak gelem kalah, "Lho durung weruh kon yo, paling gak uenak yo lek umur pitung puluh. Mangane kudhu bubur bayi maneh. Mari ngono, ben arep longgo mesti mules kebelet setor, tapi bareng wis ndhodhok sampek sepuluh menit gak metu blas, mek kepentut bolak-balik"
Akhire Wonokairun, sing umure 80 taun, melok ngomong,"Wok kemalan kabeh, sing paling gak weunak yo umur 80 koyok aku ngene".
Wak So takok,"Lho peno yo anyang-anyanen koyok aku ngene yo ?".
"Yo gak se, aku tetep isok pipis lancar ben isuk jam 6." jare Wonokairun bangga.
Wak Nyo genti takok, "Sampeyan mesti ngalami mules kepentut-pentut koyok aku yo ?"
"Sori Rek, aku tetep isok setor lancar ben isuk jam setengah pitu." jare Wonokairun bangga.
Wak So ambek Wak Nyo malih bingung lan penasaran,"Sik tah lah, peno sik isok pipis lancar ben jam 6 isuk, terus peno sik isok setor lancar ben jam setengah pitu isuk. Lha terus opo sing nggarakno gak uenak lek wis umur 80 ?"
"Masalae mek sithok, aku sering kerinan, tangiku mesti jam pitu isuk . . ."

Sing tabah yo . . .


Onok napi ucul seko LP Medaeng, Napine iku wis dipenjara 10 taun perkoro narkoba.
Mergo bingung katene mlayu nang endhi, akhire napi iku mlebu nang omahe Muntiyadi.
Pas iku Muntiyadi lagi kelonan nang kamar ambek bojone, arek loro iku kuaget onok wong sangar mlebu nang omahe.
Durung sempet mbengok, napi iku mau wis nyancang Muntiyadi ambek bojone.
Muntiyadi dicancang nang kursi, lha bojone dicancang nang kasur.
Mari nyancang, Muntiyadi ndhelok napi iku ngelamuti gulune bojone.
Mari ngelamute, moro-moro napi iku ngalih lungo nang jedhing.
Pas napine nang jedhing, Muntiyadi nggeser kursine nyedaki bojone.
"Dhik, wong iku koyoke gak tau ndhelok wong wedhok pirang puluh taun. Aku ndhelok gulumu mau dikelamuti. Saiki ngene ae dhik, awakmu nuruto ae opo karepe wong iku. Umpomo wong iku njaluk main yo wis tak relakno. Sing penting wong iku ndhang ngalih terus nyowone awake dhewe isok selamet. Sing tabah yo dhik," jare Muntiyadi wanti-wanti nang bojone.
Mari mbrebes mili, genti bojone Muntiyadi sing cerito.
"Cak, aku melok seneng lek sampeyan ndhuwe pemikiran koyok ngono. Sampeyan bener Cak, wong iku wis sui gak tau ndhelok wong wedhok. Tapi Cak, wong iku sakjane mau gak ngelamuti guluku. Wong iku mau asline bisik-bisik nang aku"
"Iyo tah dhik, ngomong opo wong iku nang awakmu? takok Muntiyadi penasaran.
"Jarene, sampeyan iku imut-imut ambek seksi Cak, terus wong iku takok aku nang endhi nyimpen Handbody. Sing tabah yo Cak. . ."


 Bolongan 

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok bolongan
guedhe.
"Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip.
Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik bolongan mau.
Sui gak onok suorone blas...
"Whuik jerune...," jare Sakri
"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip.
Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik bolongan.
Sepiii gak onok suorone....
"Whuik jerune...," jare Sakri
"Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.
Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.
Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu bolongan.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone...
"Cik jerune lobang iki.." jare Sakri
Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.
Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung bolongan.
Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro
iku.
"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!'',
takok Wak Dri.
"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung bolongan iku"
jare Nasip.
"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang
ndhik betone rel sepur "  untunge gak ketahuan,,,




Ngetutan

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu
ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku longgo ndhik
ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti tho,
mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak
dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".
"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko rene
maneh" jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
"Wis enakan tah ?" takok doktere.
"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok
ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge
entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.
"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki
yo" jare doktere.
"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.
"Obat kopok.." tibakne budeg yuk jah e,,,



Kado
  
Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.
Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek
mbedhek,
"Isine kembang yo....".
"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone
dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.
"Isine permen yo...".
"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak
netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.
"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.
"Salah..." jare areke.
"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.
"Salah .." jare areke.
"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku" takok bu gurune.
"Isinya anak anjing kok bu guru..."
 









No comments:

Post a Comment